11.42

Basa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon

Diposting oleh .:: universal blog herry potter's ::. |

Basa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saka pang basa Melayu-Polinesia sing gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sedulur cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra serta Kalimantan.

Basa Jawa dipituturaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé keraton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping-18.

Basa Jawa bisa kaanggep salah sijining basa klasik ing donya, basa iki nduwé sajarah kasustran sing wis lawas banget. Lawasé luwih saka 12 abad. Para pakar basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing patang tahap:

Basa Jawa iku ditulis mawa aksara Jawa, (salah sijining keturunan aksara Brahmi saka India), aksara Jawa-Arab (pegon) lan aksara Latin.

Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi waé, basa Jawa iku basa Austronesia sing akèh dhéwé cacahé panutur ibuné. Basa iki dipituturaké lan dimangertèni kurang luwih déning 80 yuta jiwa wong. Kurang luwih 45% pedunung negara Indonesia keturunan Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Enam saka limang presidhèn Indonesia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatiné kabèh keturunan Jawa, B.J. Habibie uga ngaku yèn ibuné priyayi Jawa). Dadi ora gumunaké yèn basa Jawa mènèhi pangaruh akèh ing perkembangané basa Indonesia.

Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung dhialèk: dhialek Jawa Kulon, dhialek Jawa Tengah, lan dhialek Jawa Wétan. Ing pulo Jawa ana apa sing diarani dialect continuum ('kasinambungan dhialèk') saka Banten ing ujung kulon tekan Banyuwangi, ing pucuk wétan. Kabèh dhialèk basa Jawa kurang luwih bisa dingertèni para panuturé (basa Inggris mutually intelligible).

Kapethik saking Wikipedia, punika kalawau sakedhik babagan basa Jawi. Hambok bilih sampun sami priksa manawi wonten ing basa Jawi punika wonten undha-usuk basanipun utawi tingkatan bahasa. Inggih punika ingkang mbentenaken basa Jawi kaliyan basa sanesipun. Tuladhanipun, manawi wonten basa Indonesia, tembung makan manawi dipunginakaken kangge micara kaliyan tiyang ingkang langkung enem, tiyang ingkang sababagan, tiyang ingkang langkung sepuh, tiyang ingkang hanggadhahi drajat ingkang inggil hambok bilih sami kemawon. sadaya kalawau tetep ngginakaken tembung makan. Benten kaliyan basa Jawi, manawi kangge tiyang ingkang langkung enem kaliyan tiyang ingkang sababagan ngginakaken tembung mangan. Manawi kangge tiyang ingkang langkung sepuh ngginakaken tembung nedha/nedhi. Kange tiyang ingkang drajatipun inggil ngangge tembung dhahar. Ingkang sajanngkepipun mangke dipunandharaken wonten ing UNDHA-USUK BASA JAWA.

sumber atiek smk negeri 9 surakarta

About me

Categories

Text

universal blog

Harry Potter's